Susah-susah mbangun citro, direwangi blusukan nganti nyebur gorong-gorong kutho. Soko gawe waduk nganti dalan, soko andum beras nganti andum jabatan. Nanging ending-endinge malah, nyemplung dewe ing comberan keserakahan. Jeneng kang wis kuncoro tekan monco, Ujug-ujug dadi hino lan nisto, luwih awon tinimbang kelakuane sato. (Yo ben wae) Urip mung lakon sing saben tokoh nindakke perané dhewe. Olo becik tetep gumantung sing tumindak. (ha ha ha ha) Wong njobo mung dadi pamirso, gari nunggu pungkasané cerito. Kabeh pancen wis dadi takdir lan pilihané. Wong-wong njobo mung iso nyekseni lakon sing terus digelar. Ono sing trenyuh, ono sing misuh, nanging kabeh mau mung pangarep-arep, sing ora mesthi cocog karo karepe pangreko Nganti kapan sing becik disirnaké, sing nisto malah diagem? Mbok menawa iki wektu kanggo mulat saliro, Wektu ora nate bali, sing penting saiki sembodo, Marang sing wis dipilih, yeah......... Wektu bakal mbuktekaké, wong bakal éling lan ngerti opo sing sejatine bener, Sanadyan sakdurungé tau muspra (sio sio) kabeh dadi misterine ndonyo Koyo banyu mili sing ora bisa dicegah, urip terus obah. Enteni wae, wektu bakal dadi juru adil kang pamungkas. (pamungkas) Koyo banyu mili sing ora bisa dicegah, urip terus obah. (he m he he he) Enteni wae, wektu bakal dadi juru adil kang pamungkas. (hmm hm hem hm)